Guyonan Jowo

Senin, 25 Januari 2010

Silit diogok-ogok duren

Onok wong telu, pemburu, kesasar terus ketangkep tentara wedok-wedok, suku
Amazon. Diglandhang nang ratune.

Wong telu mau diukum kudu golek buah-buahan nang alas. Nek wis oleh
dikongkon balik nang ratu, kepala suku Amazon.

Sing siji teka ndisiki, oleh timun. Dek-e dikongkon njengking, katok-e
dibukak, silite diogok-ogok nganggo timun.

Sing sijine maneh teka. Dek-e nggawa salak. Pada ae, dikongkon mbukak clono,
terus mledhing. Silite diogok-ogok nganggo salak. Bayangno larane, wong
kulite pating cringih. Wah, ya bengak-bengok kelaran, rek. Nangis-nangis
njaluk ampun.

Durung suwe, wong sing diogok-ogok silte mbarek salak mau dadak ngguyu
cekakakan. Gak kuwat, sampek nyekeli wetenge sing atos, merga gak isok
ngempet ngguyu mau. Lho, mau nangis-nangis ? Kok sak iki ?

Dek-e ndeleng kancane sing nomer telu, nggawa duren...

Triman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar