Guyonan Jowo

Senin, 22 Februari 2010

Arek wedok, nek susune tambah gede, iku tandane tambah goblog, cung...

Ono bocah diajak wong tuane tamasya menyang pantai kutha Bali. Bapake
mlaku-mlaku dhewe, anake dolanan banyu laut.

Ujug-ujug anake mlayu marani ibune karo ngomong "Bu, bu aku mau weruh
wong wedok-wedok sing dhodhone luwih montok timbangane ibu".

Ibune mangsuli "Sssttt tak kandhani le, soyo tambah montok, wong wedok kuwi soyo tambah goblog !"

Dobol silite pitik, ning ...

Mat Ongkek dodolan endog ndik pasar Keputran.
Bojone Gigih pas blonjo, katene tuku endog sisan.

"Mas, piro regane endog siji ??"

"Limangatusan Ning.."

"Walah... lha wong cilik-cilik ngene athik limangatusan,..sing bener po'o.."

"Wah Ning.. jenenge endog yo sakmono iku, nek nuruti sampeyan iso dobol silite pitik !"

Wasito Adi

Senin, 01 Februari 2010

Rumangsamu bojomu iku Bakery Holland?

Duh, sing jenenge Mat Pithi, nek wis nontok pertandingan bal-balan,
ndik tivi, gak obah babar blas. Masiyo bojone krengkangan nandangi
kabeh urusan rumah tangga, dijarno ae.

'Cak, tulung opok-o, benekno lampu ndik teras iku'

'Lampu, lampu. Sangkakno bojomu iki PLN, yo. Embuh, kah. Nontok
bal-balan ngene, kok'

Gak suwe maneh,

'Cak, jeding mburi iku lho cak, kran-e ketok-e lecek. Benekno disik
opo-o. Timbang banyune kutah kabeh'