Guyonan Jowo

Senin, 22 Februari 2010

Arek wedok, nek susune tambah gede, iku tandane tambah goblog, cung...

Ono bocah diajak wong tuane tamasya menyang pantai kutha Bali. Bapake
mlaku-mlaku dhewe, anake dolanan banyu laut.

Ujug-ujug anake mlayu marani ibune karo ngomong "Bu, bu aku mau weruh
wong wedok-wedok sing dhodhone luwih montok timbangane ibu".

Ibune mangsuli "Sssttt tak kandhani le, soyo tambah montok, wong wedok kuwi soyo tambah goblog !"

Anake balik dolanan banyu maneh. Let sedhelo anake marani ibune maneh karo takon : "Bu, bu aku mau weruh wong lanang-lanang kok anune luwih gedhe timbangane duweke bapak ?"

Ibune mangsuli "Tak kandhani le, soyo tambah gedhe anune wong lanang kuwi soyo tambah goblog !"

Anake balik maneh dolanan. Let sedhelo anake mlayu marani ibune karo ngomong : "Bu, bu, bu, aku lagi wae weruh bapak ngobrol karo wong wedok sing paling GOBLOG, soyo suwe ngobrol, bapak soyo tambah GOBLOG, GOBLOG, GOBLOG..."

Cosmas Damianus Tufan

1 komentar: