Guyonan Jowo

Senin, 01 Februari 2010

Rumangsamu bojomu iku Bakery Holland?

Duh, sing jenenge Mat Pithi, nek wis nontok pertandingan bal-balan,
ndik tivi, gak obah babar blas. Masiyo bojone krengkangan nandangi
kabeh urusan rumah tangga, dijarno ae.

'Cak, tulung opok-o, benekno lampu ndik teras iku'

'Lampu, lampu. Sangkakno bojomu iki PLN, yo. Embuh, kah. Nontok
bal-balan ngene, kok'

Gak suwe maneh,

'Cak, jeding mburi iku lho cak, kran-e ketok-e lecek. Benekno disik
opo-o. Timbang banyune kutah kabeh'

'Peno iku lho, dik. gak ngerti tah nek awak-ku lagek ndelok bal-balan
ngene. Lha rumangsamu bojomu iki PDAM, tah, kok dikongkon mbenekno
jeding barang. Mbuh, kah !'

Ning Saropah ngelus dada.
Gak suwe maneh,

'Cak, tulung nek sampeyan kate nang warung tuku rokok, aku titip lenga,
ya'

'He, peno kira aku iki Pertamina, tah, kathik dikongkon ngurusi lenga
barang'.

Mat Pithi mangkel, diganggu terus kenikmatane nontok tivi mau, terus
metu, lunga nang tanggane. 'Wong wedok ancene gak seneng nek ndelok
wong lanang lagek enak-enak nontok bal-balan'.

Sak wise bal-balan mari, Mat Pithi mulih. Kaget, ndelok lampu teras wis
padhang, jedinge gak luber-luber ledenge, kathik wis masak pisan, merga
kompore wis onok lengane.

'Kok wis beres kabeh, dik. peno benekno dewe, tah'

'Yo endak, cak. Endi isok wong wedok nandangi kerjoan ngono iku maneh'

'Lha sopo ?'

'Aku mau lak sedih se cak. Njaluk tulung peno gak peno reken babar
blas. Aku terus lungguh nok teras, nangis'

'Terus?'

'Onok arek lanang ngganteng liwat cak. Takon mnbarek aku, enten nopo
nangis, yu?'

'Aku ya wadhul kabeh soal sing mau iku cak'

'Mari ngono arek iku nawani gelem ngerjakno mau kabeh, tapi kudu onok
imbalane'

'Njaluk imbalan opo ?'

'Dek-e nawani, nggawekno roti tah aku gelem ditumpaki'

'Peno milih opo, dik? Nggaekno roti, yo ?'

'Ola opo cak. Ola opo kok aku kathik nggaekno roti arek iku mau. Peno
kiro aku iki Holland Bakery, tah ?. Yo sing situk-e !'

Gigih

2 komentar: