Guyonan Jowo

Kenalno Rek!

Kulo niki namine Mat Pithi sing gadhah griyo. Sepuntene nek griyo kulo niki ketok mboten karuwan, wong pancen lare mboten gadhah, yok nopo, se. Nggih sak ontene, dulur-dulur. Cumak, kulo niki rodhok ndlodog, nek perkoro sopan santun, nggih sak ontene mawon. Bloko suto wong ancene Arek Suroboyo niku lak nggih srudak-sruduk thok. Benten tah kalih lare kilen-kilenan mrika, sing alus bahasa lan gaya-gayane. Pun tah, nek Arek Suroboyo niku luput sembur, nek dikandhani niku blas mboten kathik noleh. Tapi niku cumak ketok njobone mawon, kok. Teng njero atine niku apik-apik mawon. Sing penting paseduluran mawon sing kathah. 

Guyonane ono sing rada ngeres & reged dadi yen mboten minat sakdurunge sepuntene ingkang kathah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar