Guyonan Jowo

Rabu, 21 April 2010

Sopo eruh bolongan mau jik onok tawone?

Iki duduk critane Mat Pithi, tapi Tarzan. Eling to peno, tarzan iku lak mulai cilik ndik alas gung lewang-lewung, diopeni mbarek gorilla. Eling jugak to peno, nek mari ngono onok wong-wong peneliti sing kesasar ndik alas, sing salah sijine jenenge Jane, ayu, putih (lha ancene wong barat, guk!)

Sak wijine dina, sak wise Jane ditulung mbarek Tarzan saka serangan macan, Jane kagum setengah matek mbarek Tarzan. Masiyo wong alasan, tapi perkara ngganthenge gak kalah mbarek wong-wong London sing biasane nguber-uber Jane iku. Kathik otot-e pating pethokol, cumak nggawe swempak kulit macan, ndah niyo anune, rek....

Selasa, 20 April 2010

Tak kek-i duwik, tukuo silet, cukuren ...

Kuncung anake mat Pithi (re duwe anak kapan? bojo ae gak duwe) senengane
udan-udan mbarek wudo mblejed.

Pas sore-sore udan deres si Kuncung udan-udan dolan nang kelurahan. Ndilalahe pak lurah eruh terus si Kuncung diceluk

"Cung, opo'o koen udan-udan gak kathokan pisan?"

Kuncung mangsuli "Bapak gak duwe duwit gae nukokno kathok"

Jumat, 09 April 2010

Turene mas sopir mboten ngoten ...

Mat Pithi pancen nggladrah. Gak trimo cumak diladeni jaran-jaranan mbarek Saropah, bojone. Lha wong pembantune, Dessy Ratnasari, sing mari pegatan, yo dicengklak. Dasar Mat Pithi, gak cumak nafsune sing gak isok dilereni, lha wong gandule ae gak mekakat gedine.

Nek wis bengi, ketok bojone, si Saropah, sing setulegi (setengah tuwa lemu ginuk-ginuk) senggor-senggor, Mat Pithi wis siap-siap marani kamare Dessy, pembantu. Dasar Dessy yo rodok nganyeng, rondo wis onok telung tahun, ya gatel terus selangkangane. Diparani ndarane, yo ho-oh ae. Malah ketok nek wis rutin. Nek wis jam sepuluhan ngono iku awak-e disemprot de-klonyo, cek wangi. Kate main, rek....

Kamis, 01 April 2010

Iwak Gathul kenak-en, anget.....

Iwak gathul sing siji iki, anggep ae jenenge Macan Nusantara, sak awan
gak ketemu mbarek kancane (sebut ae jenenge ZulFan).

Sore-sore ketemu ndik kali.

'Fan, nang endi ae sedina gak ketok'

'Iku lo Can, aku mau isuk lak dulinan ndik kali iki, ta. Terus bojone
pak lurah sing anyar, Tamara Blez-mak-blezz, adus nang kali iki. Arek-e
lak udo, tah. terus aku moro nyidek-i. Wik... mulus, cak.

Saropah katene matek ...

Mat Pithi nunggoki Saropah sing wis megap megap kate dead, polahe keracunan.
Saropah mbrebes mili, raine pucet, awake lemes.

“Mat, aku kate ngomong” jare Saropah mbarek gak patek jelas.

“Ojok ngomong sik ta laah, awakmu durung kuat” .

“Gak Cak, aku kudu ngomong, cik nek aku mati gak nggowo dosa”…

“Wis ta laah, gak perlu, tenangno pikiranmu. Nyebut, Paaah” ..