Guyonan Jowo

Minggu, 16 Oktober 2016

Kanjeng Sunan Gunung Klotok Wali ke 10


Iki ngono ceramahe Kanjeng Sunan Gunung Klotok Wali ke 10....
Ayo dulur dirungokno bareng-bareng ...






*Ojo dipikir terlalu jero



Jumat, 28 Agustus 2015

Matpithi: Yo ngono sing rukun rek ojo jotos-jotosan !!

"Salam Satu Jatim"

Tertib rukun sing penting ojo jotos-jotosan yo mas yo

rungokno lagu iki

Senin, 24 Agustus 2015

Nontok Biskop

Mat Pithi, arek mbethik, hobbyne nontok bioskop. Paling seneng filem India. Gak ilok. Pokok bioskop Golden Gate, cidek jembatan Pethekan, Ujung, main filem india, gak kathik akeh pikiran, masiyo duwik bayaran sekolah, yo digawe.

Tapi sak iki Mat Pithi kepothokan. Lha yok opo, wong duwik sing kate digawe nontok bioskop iku katene gigawe nambakno untune sing lara. Bioskop mbayare sewu. Digawani bapake rong ewu, pas kanggo mbayar dokter gigi.

Tengku Luwe Mak!!


Orang Banyumas Pesen KFC

Telpon Pertama
Tuyem : "Halloo... Kaepsi?"
KFC :"Iya, ada yg bisa di bantu?"
Tuyem : "Ayame ana apa ora?"
KFC : "Oh ada..."
Tuyem : "Jajal gawa ngeneh, di adu karo ayame inyong!"
KFC. : "X_X"

Telpon Kedua
Tuyem : "Hallooo...kaepsi?"
KFC : "Iya"
Tuyem : "Delivery order?"
KFC : "Iya"
Tuyem : "24jam?"
KFC : "Iya"
Tuyem : "Oooh hebat ya, kowe ora tau turu!"
KFC : ?:s??


Serabi telu, loro nggawe sosis …

Kapok dadi pelaut sering ninggalno bojone akhire Mat Pithi ngedekno
perusahaan pelayaran. Dadi direktur duwe sekretaris ayu tur sexy, jenenge Markonah.

Suwe-suwe Mat Pithi kepencut jugak sampek akhire si Markonah meteng mergo sering dikeloni Mat Pithi. Wedi nek konangan Saropah, Mat Pithi
nguwehi duwik Markonah jarene “Nyoh tak wehi duwik, tapi koen lungoo nang Itali, koen nglahirno ndhuk Itali kono. Engko lek bayine wis lahir koen kirimo kartu pos. Ojok lali tulisen SPAGHETTI ndhuk walike”.

Let pirang wulan sakwise Markonah budhal nang Itali, pas awan-awan Saropah teko omah telpon Mat Pithi nang kantor “cak, iki sampeyan oleh kiriman kartu pos teko Itali, tapi aku gak ngerti karepe”. Jare Mat Pithi “yo wis simpenen sik”

Mari kantoran, tekan ngomah Mat Pithi wis gak srantan maneh pengin age-age moco katu pose. Tapekno Mat Pithi langsung semaput eruh tulisan ndhik kartu pos kirimane Markonah. Yo’opo gak semaput lha wong tulisane “SPAGHETI, SPAGHETI, SPAGHETI, SPAGHETI. Loro nggae sosis mbarek bakso, loro nggae serabi mbarek kacang”
(nang Itali ono serabi tah?)

BWas

Kisah Sidang di Pengadilan Agama