Guyonan Jowo

Senin, 24 Agustus 2015

Serabi telu, loro nggawe sosis …

Kapok dadi pelaut sering ninggalno bojone akhire Mat Pithi ngedekno
perusahaan pelayaran. Dadi direktur duwe sekretaris ayu tur sexy, jenenge Markonah.

Suwe-suwe Mat Pithi kepencut jugak sampek akhire si Markonah meteng mergo sering dikeloni Mat Pithi. Wedi nek konangan Saropah, Mat Pithi
nguwehi duwik Markonah jarene “Nyoh tak wehi duwik, tapi koen lungoo nang Itali, koen nglahirno ndhuk Itali kono. Engko lek bayine wis lahir koen kirimo kartu pos. Ojok lali tulisen SPAGHETTI ndhuk walike”.

Let pirang wulan sakwise Markonah budhal nang Itali, pas awan-awan Saropah teko omah telpon Mat Pithi nang kantor “cak, iki sampeyan oleh kiriman kartu pos teko Itali, tapi aku gak ngerti karepe”. Jare Mat Pithi “yo wis simpenen sik”

Mari kantoran, tekan ngomah Mat Pithi wis gak srantan maneh pengin age-age moco katu pose. Tapekno Mat Pithi langsung semaput eruh tulisan ndhik kartu pos kirimane Markonah. Yo’opo gak semaput lha wong tulisane “SPAGHETI, SPAGHETI, SPAGHETI, SPAGHETI. Loro nggae sosis mbarek bakso, loro nggae serabi mbarek kacang”
(nang Itali ono serabi tah?)

BWas

Tidak ada komentar:

Posting Komentar