Guyonan Jowo

Selasa, 30 Maret 2010

Pitik homo, diamput.... !

Ceritane tentang sebuah peternakan ayam.

Iki crita pitik-pitik ndik peternakane Mat Pithi. Ndik kono onok 25 pitik babon karo situk pitik jago, tapi wis ngurak, tuwo. Ndelok pitik jagone wis tuwo koyok ngono iku mau, sing mestine wis gak isok diarepno isok nglakeni babon sing sak mono akehe, Mat Pithi mutusno tuku jago situk maneh, sing jik enom.

Ndelok onok jago anyar, kathik jik enom, kabluk-ane mesti yo jik get, jago tuwo mau rumangsa kalah saingan. Biasane isok numpak-i babon selawe, hare... Iki kok onok arek nom. gak urung, babaon-babon yo ngrubung jago enom mau, kepengin ngrasakno dilakeni. Jago tuwo yo cemburu berat, guk ! Sopo gak mangkel, ndelok jago enom mau bolak-balik nyengklak babon-babon nganyeng mau iku.

Senin, 29 Maret 2010

Nek selawe entukmu yo sing koyok ngono iku Cak

Habibiha nerusno kebiasaan nduk Jerman, jogging bengi, polahe nek awan sibuk
terus. Mulai tutuk Patra Kuningan muter nang Jalan Kuningan. Tekan seberange
Ebony onok arek wedok ness nduk halte bus. "Ketoke isok iki.." pikire.

"Hey, piro rek?" deke mandek ambek takok.
"Satus seket"
"Satus seket ewu?"

Minggu, 28 Maret 2010

Mat Pithi totohan nguyuh sak nggen-nggen

Malem Minggu mat Pithi mampir nduk warunge cak Drokim sing mulai minggu
wingi disulap dadi Cafe Semlohe.

Sakjane duwit yo gak gablek, tapi dasar Mat Pithi lak onok ae tah akale.

Melbu cafe gak langsung lungguh tah pesen opo, tapi muter nang mejane
tamu-tamu kabeh karo bisik-bisik. Terakhir yo nyang cak Drokim sing nunggu nduk Kassa.

Sabtu, 27 Maret 2010

Saropah rabi oleh Mat Pithi, pemain basket

Keturutan cita-citane Saropah, rabi oleh Mat Pithi, jagoan olahraga basket kota Suroboyo. Sopo se sing gak kenal Mat Pithi arek basketan iku. Arek-e gede dukur, awak-e dempal, bintange Suryanaga jurusan basket. Nek nglebokno bal wis gak athik ndelok babar blas. Akeh arek wedok sing kebimbang. Ngono iku, Mat Pithi cumak milih ning Saropah, arek Kedondong mburine bioskop Ria. Sopo sing gak mongkog atine?

Jumat, 26 Maret 2010

Belajar nguyuh

Cilikane Mat Pithi, wis ketok nek calon arek mbeling. Kira-kira umur 5, durung sunat. Nek nguyuh, wong pancen 'kupluk'-e manuk-e jik durung disunat, iyo ae nek nguyuh mesti pating plencar gak karu-karuwan. Kathik nek nguyuh sak enggon-enggon, dadi yo nggarahi pesing kabeh.

Man Dul, bapak-e Mat Pithi, yo rodok mangkel ndelok ndik endi-endi uyuhe Mat Pithi pating ciprat gak karu-karuwan. Tembok-tembok pesing kabeh, tah, wis.

Kamis, 25 Maret 2010

Cumak 6 cm

Sore-sore Mat Pithi goncengan mbarek Hetty Kus Endang, arek Jombang sing nyambutgawe ndik pabrik panci, Kedurus, lunga nyang Kenjeran. Babh adoh gak dadi soal. Yok opo, rek, wong jik lagek kedanan satu dengan yang liyanya. Arek loro iki pancen jik lagek sir-siran, dadi yo nek goncengan yo ngetapel, nemplek-plek.

Tekan Kenjeran, terus golek nggon sing rumbuk-rumbuk, pinggir pantai, sing wis mulai awan mau banyune mulai dukur. Angin laut semribit, nggarahi tambah memel olehe roman-romanan.

Rabu, 24 Maret 2010

La Pome

Mat Pithi pas oleh rejeki, hadiah liburan nang Spanyol. Terang ae, pertandingan adu banteng lawan matador yo gak dilewatno, rek. Opo maneh nek isok foto-foto mbarek seniorita, lak ngono, tah.

Mari ndelok pertandingan, gak lali Mat Pithi saba nang nggone restoran sing nok cidek-e stadion iku mau. Sopo eruh isok ketemu arek-arek wedok Spanyol sing terkenal bangkek-ane koyok gitar iaku.

Senin, 22 Maret 2010

Arek-arek wis biasa kok nganggo jaranku

Mat Pithi dikirim kerjo ndhuk freeport Irian, kepekso ninggalno bojone.
Seminggu ndhuk kono hasrat lanange mulai bangkit. Tapine ndhuk kono gak ono wedokan sing iso digae nglampiasno.

Mat Pithi lapor boss-e ngandakno opo masalahe. Ambek boss-e diwangsuli "Iku lho,...nggaeo jaranku wedok".

Kamis, 18 Maret 2010

Rungokno bune.... wedokane sepuluh....!!!!

Mat Pithi mbarek bojone lagi dolan-dolan nang peternakan jaran duweke koncone...
Ambek ngancani Mat Pithi mubeng-2, koncone nyritakne siji-2 jarane sing dibanggakno ambek dheweke....
"Delengen jaran lanang sing iko Mat, sedino iso kawin sampek ping limo..."
Krungu koyo ngono bojone Mat Pithi langsung bisik-bisik...

Minggu, 07 Maret 2010

Tumo kathok tepak apes ...

Ono sawijining tumo kathok loyo banget ketok kesel thenguk-thenguk nang
Ancol, ketemu karo tumo kathok liyane seger banget, malah renang nang pantai
ngalor ngidul ngetan ngulon katon bungah banget.... tumo seger weruh kancane
loyo terus mentas njur takon...

# tumo seger :"lho kowe nangopo kok loyo ngono, urip sepisan mbok sing
gembira koyo aku iki"

# tumo loyo : " kowe ora ngrasakke, aku tekan Ancol kene iki mau nunut uwong
numpak sepeda motor nggandul nanggone brengose, gondelan kenceng wedi yen
kabur... kesele rek..."

Jumat, 05 Maret 2010

Mbah Lanang kepengin rabi maneh

Mbah lanang sak iki jik lara. Eling-eling pas mbah wedok mati mbiyen.

Sak keluarga, mbah lanang, paklik, bulik, ponakan, kabeh nunggoni ndik
kamar, sak ubenge jenazahe mbah wedok. kabeh sedih, membik-membik,
umik-umik, mbuh ndonga tah misuh-misuh (mha, mbah, mati ae kok durung
ninggali wasiat, se...)

Suwe wong-wong mau padha sedih-sedihan, embuh temenan tak githokan.

Gak untara suwe mbah lanang kanda karo anak lan putune, ngongkon supaya
metu saka kamar. Mbah lanang kate ijenan, berdua karo mbah wedok sing
wis jenat.