Guyonan Jowo

Jumat, 05 Maret 2010

Mbah Lanang kepengin rabi maneh

Mbah lanang sak iki jik lara. Eling-eling pas mbah wedok mati mbiyen.

Sak keluarga, mbah lanang, paklik, bulik, ponakan, kabeh nunggoni ndik
kamar, sak ubenge jenazahe mbah wedok. kabeh sedih, membik-membik,
umik-umik, mbuh ndonga tah misuh-misuh (mha, mbah, mati ae kok durung
ninggali wasiat, se...)

Suwe wong-wong mau padha sedih-sedihan, embuh temenan tak githokan.

Gak untara suwe mbah lanang kanda karo anak lan putune, ngongkon supaya
metu saka kamar. Mbah lanang kate ijenan, berdua karo mbah wedok sing
wis jenat.

Kabeh memahami, nek mbah lanang pengin duwe suasana sing khusus karo
mbah wedok sing sembujur nang karpet ndik kamar mau. Kabeh padha metu.
Lawang ditutup.

Mat Pithi, ancen arek ndlodog, incang-inceng saka korden jendela sing
rodok mbukak thithik. Opo sing ditindakno mbarek mbah lanang ?

Si embah lanang pencolotan ndik ndukure jenazahe mbah wedok.
Mlumpat-mlumpat ping bolak balik. Lho, ola opo ?

Mat Pithi eling, mbah wedok tau sumbar nang mbah lanang, sing tau duwe
ide kate rabi maneh. Sumbare mbah wedok mau : "Peno oleh rabi maneh.
Tapi langkahono mayitku disik !"

Gigih

Tidak ada komentar:

Posting Komentar