Guyonan Jowo

Kamis, 18 Maret 2010

Rungokno bune.... wedokane sepuluh....!!!!

Mat Pithi mbarek bojone lagi dolan-dolan nang peternakan jaran duweke koncone...
Ambek ngancani Mat Pithi mubeng-2, koncone nyritakne siji-2 jarane sing dibanggakno ambek dheweke....
"Delengen jaran lanang sing iko Mat, sedino iso kawin sampek ping limo..."
Krungu koyo ngono bojone Mat Pithi langsung bisik-bisik...

"Rungokno pakne... sedino ping limo..."
Mat Pithi cumak iso' meneng ae...
"Lha... nek jaran lanang sing putih iko, sedino iso' kawin sampek ping sepuluh..." teruse kancane

Bojone Mat Pithi luwih semangat lek mbisiki Mat Pithi....
"Rungokno maneh pakne... ping sepuluh sedino..."
Mat Pithi tambah mbingkem thok.... ara let suwe dheweke takok ambek kancane sing duwe peternakan iku....

"Lha sedino ping sepuluh iku ambek jaran wedok siji tah sepuluh?????"
"Yo mesthi ae ambek jaran wedok sepuluh Mat!!"
.....
.....
.....
.....
.....

"Rungokno bu'e.... wedokane sepuluh....!!!!"
"??????!!!!!....."


dUl kEmprOh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar