Guyonan Jowo

Jumat, 26 Maret 2010

Belajar nguyuh

Cilikane Mat Pithi, wis ketok nek calon arek mbeling. Kira-kira umur 5, durung sunat. Nek nguyuh, wong pancen 'kupluk'-e manuk-e jik durung disunat, iyo ae nek nguyuh mesti pating plencar gak karu-karuwan. Kathik nek nguyuh sak enggon-enggon, dadi yo nggarahi pesing kabeh.

Man Dul, bapak-e Mat Pithi, yo rodok mangkel ndelok ndik endi-endi uyuhe Mat Pithi pating ciprat gak karu-karuwan. Tembok-tembok pesing kabeh, tah, wis.

Sore-sore, man Dul nyeluk Mat Pithi, diajari nguyuh sing tepak, cek gak njibrat kono-kene.

"Cung, koen nek nguyuh ojok terus mak cur ngono ae. Delok-en iku tembok-e kecipratan kabeh mbarek uyuhmu. Lak pesing kabeh, tah, nek ngono iku"

"Tak warahi nek nguyuh sing tepak, yo. Rungokno urut-urutane.

1. Kathok diplorotno.
2. Kulit sing ndik pucuk-e pelimu iku pliwek-en
3. Nguyuh
4. Ojok lali diwisuhi
5. Kulit sing mliwek mau dikulupno maneh
6. Kathok-e digawe.

Yo. Ojok lali lho mbarek urut-urutane mau. Cobak, nek nguyuh urut-urutane mau diunekno sing banter. Mbengok, cek bapak eruh nek wis bener caramu nguyuh"

Mulai dina iku Mat Pithi cilik nek nguyuh wis bener. saben nguyuh bengok-bengok nyebutno nomor urut 'prosedur' sing diwuruk-i bapak-ne mau. "1. 2. 3. 4. 5, 6", ngono terus ben dina.

Sak wijining dina, man Dul kaget krungu Mat Pithi nguyuh, ambek mbengok ngene "1, 2, 3, 4, 4, 5, 2, 5, 2, 5, 2, 5, 2, 5, 2, 5, 2, 5......... 2, 5, 2, 5, 2, 5...!"

"Le... ola opo ae koen iku kok cumak 2-5, 2-5, 2-5 terus ?"

Gigih

2 komentar: