Guyonan Jowo

Minggu, 07 Maret 2010

Tumo kathok tepak apes ...

Ono sawijining tumo kathok loyo banget ketok kesel thenguk-thenguk nang
Ancol, ketemu karo tumo kathok liyane seger banget, malah renang nang pantai
ngalor ngidul ngetan ngulon katon bungah banget.... tumo seger weruh kancane
loyo terus mentas njur takon...

# tumo seger :"lho kowe nangopo kok loyo ngono, urip sepisan mbok sing
gembira koyo aku iki"

# tumo loyo : " kowe ora ngrasakke, aku tekan Ancol kene iki mau nunut uwong
numpak sepeda motor nggandul nanggone brengose, gondelan kenceng wedi yen
kabur... kesele rek..."

# tumo seger : "lho aku yo nunut-nunut nanging aku nunut pramugari,... tak
kandani carane yo, yen esuk-esuk kae kowe nunuto uwong tekan cengkareng
airport, terus langsung nang toiloet wanita, ngenteni nganti ono pramugari
nguyuh, terus kowe mlembango nang wulu sarune... wah wangi banget... biasane
pramugari sing ayu tur wangi kuwi sorene mesti nang Ancol karo pilote"

#tumo loyo : "wooo ngono, yo wis aku arep manut pituturmu, sesuk esuk aku
arep nang cengkareng... sampai jumpa sesuk sore nang kene yo.. aku mesti
dadi seger kioyo kowe saiki tho..."
Kocap kacarito, sesuke sore tumo loyo karo tumo seger ketemu maneh, nanging
tumo seger soyo seger tumo loyo tambah loyoooo rakaruan, tumo seger wis
nglangi maneh kipat-kipit, banjur takon :

#tumo seger :"lho kok tambah loyo ngono nyang opo kowe?, manut pituturku opo
ora, rutene cengkareng, toilet, pramugari..lak ngono"

#tumo loyo : "uwis..uwis tak turuti kabeh nganti mlembang nang kathoke
pramugari wangi wis tak lakoni,... tapi aku ora ngerti critane maneh....
ujug-ujug aku wis pindah nang brengose oom-oom sing numpak motor gede ..lha
yo podho wae aku kudu gocekan kenceng nganti tekan Ancol iki"

#tumo seger:" oooo dasar pramugari geleman,... ning nasibmu yo pancen lagi elek"

Cosmas Damianus Tufan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar