Guyonan Jowo

Minggu, 28 Maret 2010

Mat Pithi totohan nguyuh sak nggen-nggen

Malem Minggu mat Pithi mampir nduk warunge cak Drokim sing mulai minggu
wingi disulap dadi Cafe Semlohe.

Sakjane duwit yo gak gablek, tapi dasar Mat Pithi lak onok ae tah akale.

Melbu cafe gak langsung lungguh tah pesen opo, tapi muter nang mejane
tamu-tamu kabeh karo bisik-bisik. Terakhir yo nyang cak Drokim sing nunggu nduk Kassa.

Mat Pithi (MP): Cak, ayo totohan.
Cak Drokim (CD): Opo maneh Mat?
MP : Ngene lho Cak. Aku mari meguru nduk Gunung Kawi. Entuk kesaktian.
CD : Opo iku? (Penasaran nih yeeee)
MP : Nek aku wis moco rapale, uyuhku isok muncrat adoh, Cak.
Misale kon ndekek ember nduk mburi kono, masiyo aku nguyuh nduk endi ae,
uyuhe iso langsung melbu nduk ember iku.
CD : Wuik, lak koyok peluru kendali Mat. Wok, kon iku gak masuk akal.
MP : Totohan tah. Gak titik cak, 500.000. Dekeken ember nduk endi ae. Aku tak nguyuh sembarang nduk endi, sak karepmu. Nek gak isok melbu ember kon tak keki 500.000,-, tapi nek isok koen mbayaro.

Cak Drakim mikir mikir. Gendeng beke arek iki. Tapi lumayan rek, 500.000.
"Yo wis Mat, awas atik mbujuk. Iku embere wis onok nduk kono".

"Lha lak ngono a, sekalian atraksi malam mingguan yo Cak".

Mat Pithi ngekeki isyarat nyang tamu kabeh, gak suwe kabeh metu situk situk, nggrombol nduk pintu masuk. Onok sing ngintip nduk jendelo.

Mat Pithi langsung action. Kabeh mejo diuyuhi sak enake, sambil mondar
mandir gak karuan. Cak Drokim mlongo, lha wong uyuhe yo cumak ngotori
ruangan Cafe, gak onok sing muncrat nduk ember. Uyuhe blakrakan, onok sing nduk mejo, onok sing nduk karpet, lengkap.

"Wis, wis, wis, gendeng kon Mat. Ayo kene 500.000.-"
"Sik talah Cak, tak jupuke duwikku" Mari ngono Mat Pithi marani tamu-tamu sing nunggu nduk njobo, njaluki duwik. Entuk akeh, terus sing limang atus ewu dikekno Cak Drakim sing jik mlongo.

"Yok opo sih Mat critane?"
"Biasa cak. Mau aku totohan mbarek tamu tamu iku nek aku isok nguyuh sak enake nduk Cafe-mu iki atik koen gak mungkin ngamuk. Wong wong gak percoyo. Yo tak jak totohan 200 ewuan. Gelem. Lha wong patlikur, lak aku entuk meh limang juta. Sing tak kekno koen paling lak cumak 10% gae mberseni Cafemu."
"Dancuk, dobol, asu, gendeng, wong edan koen Mat ......." Cak Drakim berok-berok.

"Melok a Cak" Mat Pithi kalem ae ngesaki duwike terus nyeluk taksi nyang Dolly maneh.

Yap

Tidak ada komentar:

Posting Komentar