Guyonan Jowo

Rabu, 24 Maret 2010

La Pome

Mat Pithi pas oleh rejeki, hadiah liburan nang Spanyol. Terang ae, pertandingan adu banteng lawan matador yo gak dilewatno, rek. Opo maneh nek isok foto-foto mbarek seniorita, lak ngono, tah.

Mari ndelok pertandingan, gak lali Mat Pithi saba nang nggone restoran sing nok cidek-e stadion iku mau. Sopo eruh isok ketemu arek-arek wedok Spanyol sing terkenal bangkek-ane koyok gitar iaku.

Bingung ndelok jenenge panganan sing ditulis ndik daftar menu, Mat Pithi takon karo pelayane, sing gak liya yo arek-arek wedok Spanyol mau. Wis bangkek-ane cilik, kathik susune gede. Opo maneh klambine mbledeh, kancinge mbukak, susune ngintip.

'Opo menu istimewane restoran iki, mbak...?'

Pelayan: "La Pome, Sinor !"

Mat Pithi: "Apa iku ?"

Pelayan: "La Pome iku sejenis steak daging sing bentuk-e lonjong
kecoklatan, empuk dan enak".

Mat Pithi: "OK aku njaluk situk, dik !"

Bareng panganan mau didekek mejo, gak srantan Mat Pithi moro nyarap ae, wong ancene wis luwe nemen. Entek gusis, pokok-e.

Sesuk-e maneh Mat Pithi saba nang restoran sing wingi. Yo kangen mbarek panganan sing uenak wing iku, karo kepengin ngintip susune seniorita sing wing ngladeni dewek-e.

Dengan yakin si Udinpun pesen: "La Pome situk !!!"

Bareng La Pome sing dipesen mau teko ndik mejane, Mat Pithi kaget. Sing sak iki cilik, ireng, pait, kathi alot.

Mat Pithi protes: "Lho, dik. Iki kok seje mbarek sing tak pangan wingi ? Sing wingi iku dagine gede, empuk, tur enak"

Jare pelayan kalem: 'Sing wing iku La Pome-ne Banteng, sinor. Nek sing sak iki La Pome-ne matador. Merga, sing wingi sing mati lak banteng-e, tah. Nek pertandingan iki mau sing mati matador-e'

'Lha, La Pome iku opo?'

Pelayan, ambek rodok klecam-klecem, 'Yo iku, sir, anu-ne'

'Gandule?'

'Enggih....'

Bahan Wiyono, terjemahan bebas Gigih

1 komentar: