Guyonan Jowo

Minggu, 24 Januari 2010

Nabrak wong tuwek ae gak iso, dul !

Ono' arek enom kemlinthi banget... senengane lek numpak montor mesthi ngebut... opo maneh saiki montore ganti RX-King sik anyar kinyis-kinyis... Leh numpak koyo cak Doohan... wis ta lah... pokoke gaya temen... kemethak ngono
kae lah...

Critane pas bengi-2... lagi enak-2e ngebut (lha iyo... opo se enake ngebut...) ngerti-2 ono wong wedok tuwek nyebrang dalan... langsung ae arek iku mau ngerem ndadak... ciii..ittt... ittt... (ojo' ditambahi 'il' yo..)

Untung montore sik anyar... rem-e sik manjur... cobak lek gak ngono yo wis nabrak wong wedok tuwek iku mau... bareng wis mandhek, arek iku trus marani wong wedok mau ambek rodo nesu... "Yo' opo se mbah... sampeyan iku gak tau mangan

sekolahan tah... nyabrang gak ndelok kiwo-tengen dhisik... langsung nylonong ae... pengin modar tah yo' opo sampeyan iku... ancene goblok kok diterus-terusno..."

Ngerti arek iku ngamuk... simbah wedok gak gelem kalah... genti ngamuk nang arek iku...

"Koen iku sing goblok... nabrak wong tuwek ae
gak iso'....!!!!"

dUl kEmprOh

1 komentar: