Guyonan Jowo

Minggu, 10 Januari 2010

Ngimpi Wong Matek

Enak-enak turu tengah wengi, anake Mat Pithi nuangis koyok wong
kewedhen.

"Aku ngimpi mbah lanang mati ..." jare anake.

"Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare Mat Pithi.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake bojone Mat Pithi kenek serangan jantung, dud !

Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.

"Aku ngimpi mbah wedok mati...." jare anake.

"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh"
jare Mat Pithi.

Menene onok interlokal maneh lek embok-e bojone Mat Pithi tibo kepleset
ndhik jedhing, dud pisan.

Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.

"Aku mimpi bapak-ku mati... " jare anake.

"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare Mat Pithi.

Mari anake turu maneh, genti Mat Pithi sing gak isok turu. Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.

Isuke bojone Mat Pithi, Saropah, ganti sing nangis berok-berok.

"Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare Mat Pithi.

"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...." (Wasito Adi)

#sumber:http://matpithi.freewebsitehosting.com/mat008.htm

Tidak ada komentar:

Posting Komentar