Guyonan Jowo

Jumat, 08 Januari 2010

Baru iki aku dipendeliki ....

Mat Pithi, arek Suroboyo iku pancen mbethik mulai cilik. Dadi nek sak iki sabane nggone 'Pusat Perdagangan Barang Empuk dan enak' iku yo wis gak aneh maneh. Cilik-e mbiyen tau ngintip manten anyar sing kamare saka gedheg. pas ngintip wong main mau onok sing eruh, ya mantene iku dewe. Gedheg-e digablok, Mat Pithi klilipen.

Ya iku sebabe, Mat Pithi matane sing situk diganti mbarek neker, sing digambar koyok moto. Akibat klilipen gedheg mau terus dadi lan infeksine, mborok, abuh, terus kudu dicopot. dadi nek klirak-klirik ya cumak moto sing situk-e maneh. Sing neker, endi isok?

Nuruti kandane Dul Kimpong, kancane, ben bengi mata sing digawe saka beling mau dicopot terus dikum nang gelas. isuk-isuk tangi turu, banyu sing digae ngekum moto mau diombe. Mat Pithi percaya ae mbarek usule kancane mau. Jarene, pasti iku goroh, suwe-suwe isok metu motone maneh. Wuik, endi isok, cak? Ngono iku, lho, ya percaya ae Mat Pithi iki.

Saben bengi Mat Pithi gak lali ngrendem matane sing beling mau nok gelas. Ben dina yo gak lali ngombe banyu rendemane mata mau pas tangi turu isuk-e. Nek wis ngono buru adus, terus budal nyambutgawe.

Sak wijine dina, Mat Pithi dolin mbarek Dul Kimpong nang Jarak. Ketepakan oleh wedokan sing lumayan, mulihe ya sampek bengi. "Aku tanduk ping loro, cak", jare Mat Pithi.

Mulih kebengen, tapi tetep gak lali ngekum matane mau. Merga bengine mari 'kerja keras', kathik wis bengi pisan, pas isuk-e tangine ya gedandapan gak karuan. Lha wong tanginen kawanen.

Ambek setengah melek gelas diangkat, terus diombe. Cumak-e Mat Pithi ya kaget. Lha yok opo katene gak kaget, wong mata belinge mau durung dijupuk, malah katut dilek, mlebu nang wetenge.

Wis, malih Mat Pithi iki rodok gak iso gaya. Lha yok opo, matane malih cumak siji thok. Sing sijine mendelep lha wong gak onok ganjele.

Cumak onok perubahan sing dialami mbarek Mat Pithi. Onok nek wis limang dina iki gak isok ngising. Sedina rong dina jik gak dirasakno. Tapi bareng wis meh seminggu, wah, ya gak tepak iki, rek. Batine Mat Pithi.

Mat Pithi mutusno kate nekani dokter Gandul langganane. Iki dokter wis tuwa, lan pengalamane akeh. Mat Pithi wis bolak-balik berobat nang dokter iki. Sing sering ya merga 'kepatil'. Cumak sing sak iki ya merga pirang-pirang dina gak isok ngising mau. Katene konsultasi, lah.

Teka nang doktere mau, Mat Pithi dikongkon mlebu kamar. Mari ngono doktere mlebu. Mat Pithi dikongkon mbukak cawete, terus dikongkon njengking.

Tepak dokter Gandul mau mriksa silit-e Mat Pithi, dokter sing wis cukup umur iku mara kaget, raine pucet, ambegane ngos-ngosan, karo lungguh kursi. Sak wise ngombe banyu, dokter mau ditakoni Mat Pithi.

"Enten nopo, pak dokter. Kok ketingalane sampeyan kaget"

Dokter mau jik durung isok ditakoni, Dek-e jik lenger-lenger. Rodok suwe matane merem, mbarek noto ambegane lan ngelus-elus dada.

"Enten nopo, pak dokter?"

"Ngene lho Mat. Awak iki lak wis tuwo. Dadi dokter wis onok nek telung puluh tahun. sak lawase aku praktek dokter mau, yo buru iki aku DIPENDILIKI SILIT !"

Dadi, rupane mata gelase Mat Pithi mau ngganjel ndik bolongane silite Mat Pithi! (gigih)

sumber : http://matpithi.freewebsitehosting.com/mat002.htm

Tidak ada komentar:

Posting Komentar