Guyonan Jowo

Sabtu, 09 Januari 2010

Hore, kabeh nang Malang ! Hore ! Hore !

Mat Pithi, arek Suroboyo, manten anyar. Sing wedhok jenenge Saropah, arek Maspati, mBubutan kono. Arek loro iki pancen cocok, wis tah. Gak kenek-an. Podho ndableg-e, jugak podho kosrone. Gak oleh ketok nganggur. Kejawil thithik ngono ae wis nggeblag, cucul klambi. Biasa, ya terus main.

Gak Mat Pithi, yo gak ning Saropah. Ketok Saropah rodok njenthit thithik ngono ae, wis diglandhang mlebu kamar. Malah kadang durung tekan kamar ae wis gak srantan maneh, Sak liyane manten anyar, wong ndik omah iku yo cumak wong loro mau thok.

Engko pas Saropah nguleg sambel, sing mesti tangane yo obah mbarek awak-e yo goyang-goyang. Ndelok susune bojone sing ketok mentul-mentul, gandule Mat Pithi wis gak tahan. Ayuk dik !

Masiyo saropah jugak gak kalah gendenge. Ndelok risliting celonone Mat Pithi durung ganep nutup-e, wis disrobot sik. Tangane cepet ae nggrogoh. Lha nek wis ngono iki terusane ya gampang dibedek. Main maneh. Sedina nek gak ping papat utawa lima, durung mari. Iku nek awan. Durung bengine. Durung isok turu nek durung ihik-ihik ngono iku mau.

Ing sak wijining dino, wong loro iku katene lunga nang Malang, kate marani morotuwane sing omahe nang Kendalpayak, wong tuwane Saropah. Wong loro iku numpak bis saka Bungurasih, pas oleh lungguhan ndik mburi. Lha pancen dina libur, bis-e ya penuh. Gak urung cumak onok kursi situk thok ndil. "Peno tak pangku ae, dik", jare Mat Pithi.

Lha, isok tak sampeyan bayangno, yok opo akibate nek Mat Pithi mangku Saropah ngono iku mau. Wong kesenggol ambune lenga wangine Saropah ae Mat Pithi wis kudu ngejak nggeblag, jare. Opo maneh iki kathik mangku barang. Opo gak dongkrak-e terus mulai bergerak.

"Dik aku gak kuwat", jare Mat Pithi.

"Cak, aku yo kepengin, ngrasakno dongkrak sampeyan wis ndudul-ndudul"

"Yok opo nek resliting rok peno dibukak ae, dik"

"Iya wis, sampeyan bukak. Wong aku yo gak kathok-an, kok"

Gak athik ngenteni kondektur maneh, reslitinge rok-e Saropah dibukak. Jugak resliting-e Mat Pithi. Begitu bis budhal, langsung ae di-encep-no, ngono ae. Bis mlaku rodok lenggut-lenggut, wong aspalane terminal rodok gak patek alus, ya dirasa enak mbarek wong loro iku.

"Enak cak?"

"Lumayan, dik"

Tapi nek njagakno lenggut-lenggute bis sing liwat dalan aspal gak roto, yo gak enak. Mlebu-metune lak cumak thithik. Opo maneh bis metu dalan tol, lak alus se. Endi onok lenggat-lenggut bis-e.

Kanggo ngakali, supaya mlebu metune perkakas mau rodok akeh, Saropah duwe akal. Dek-e rodok ngangkat bokonge, karo nyablek penumpang sing lungguh nok ngarepe. Mbarek takon, "Sampeyan bade tindak Malang?". Sing dijawil nyauri "Enggih". "O....", ngono mau mbarek ngudukno bokonge. Lumayan, sak cublesan, batine Mat Pithi.

Maneh, njawil liyane, "Sampeyan bade tindak Malang?". Sing dijawil nyauri "Enggih". "O....", ngono mau mbarek ngudukno bokonge. Lumayan, sak cublesan maneh.

Terus ngono ae. tapi tambah suwe tambah rodok cepet, wong pancen wis podho gemetere lan napsune tambah nemen. Bareng wis onok wong enem ditakoni, nafsune tambah memuncak. Saropah lunjak-lunjak mbarek keplok-keplok "Hore, kabeh kate nang Malang. Hore... Hore...!". Wis, blas-blus ae. Terakhir Saropah ngudukno bokonge rodok banter, terus gak obah, cumak bokonge diegal-egolno tho. Mat Pithi lungguhe ndlosor. Lemes........

Ojok ngguyu ! (gigih)

sumber : http://matpithi.freewebsitehosting.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar