Guyonan Jowo

Minggu, 10 Januari 2010

Mat Pithi kangen ambek Suroboyo.

Mat Pithi, asal Indonesia sing lagi sekolah nduk Jepun moro nang nggone dokter. Pirang-pirang dino iki awak kroso kesel, weteng mules, mripat mbrebes terus ditambahi sirah ngelu. Pokoke rasane gak enak kae lho...

Dokter sing mrikso nggak iso nemokno penyakite Mat Pithi malah tambah gak mudeng... opo'o pasien siji iki kok koyok ngono.

Akhire dokter iku nawarno terapi nggo ngobati penyakite Mat Pithi, jare doktere sih iku terapi alamiah... lek boso konone Naturotherapy. Jare doktere terapi iki wis terbukti iso' berhasil sak durunge. Terapine yoiku Mat Pithi mesti ngoyoh ambek ngising, disimpen ndhuk tas trus didokok ndhuk basement seminggu....

Terang ae Mat Pithi shock... dhewe misuh2 gak gelem.... Tapi bareng dibujuk
ambek doktere... ambek diomongi lek wis tau berhasil diterapno nang wong Indonesia liyane... akhire Mat Pithi gelem.

Akhire Mat Pithi moleh... tekan omah terus cepet2 ngoyoh ambek ngising.... gak lali diwadahi tas trus didokok ndhuk basement... koyok jare doktere...

Selang seminggu... penyakite Mat Pithi sik pancet ae.... malah tambah nemen... dheweke nelpon doktere ambek misuh2... (terang ae doktere sing Jepang yo bingung dipisuhi Mat Pithi...).

Jare doktere "moroo nang ngisor... dolekono tasmu trus bukaken... mari ngono trus ambuen njerone tas iku mau sampek ping telu"

"Gendheng are...." jare Mat Pithi.... tapi yo terpaksa dilakoni, lha wong pengin waras are.... Mari telpon Mat Pithi langsung nguncluk mudhun... ndoleki tase sing disimpen seminggu kepungkur ndhuk basement... bareng ketemu langsung ae dibuka... mak.... ambue..... gak ilok temen pokoke... lha yo' opo sak gurunge dheweke mangane sembukan ambek pete....

Tapi aneh jare Mat Pithi... awakku kok kroso enak bareng ngambu isine tas iki.... dibaleni maneh sampek ping telu... blas... jablas... langsung ilang rek penyakite sing wis rong minggu.... Langsung ae Mat Pithi telpon nang doktere...

"Dok... suwun aku wis waras... berkat terapi soko sampeyan dok.."

"Nah khan... aku lak wis ngomong lek terapi iku wis tak praktekno nang wong Indonesia liyane... lan ternyata berhasil... sakjane ngono sampeyan iku cuma home-sick ae...."

Doel Kemproh

#sumber:http://matpithi.freewebsitehosting.com/mat012.htm

Tidak ada komentar:

Posting Komentar