Guyonan Jowo

Jumat, 29 Januari 2010

Murid TK yo ngemut sarung barang, kok

Muride ning saropah, guru TK, onok sing kebiasaane ngemut driji.
'Cung, gak oleh ngemut driji, ya. Koen lak wis sekolah, mosok senengane
ngedot, adane bayi ae. Karo maneh kukumu sing ireng iku onon endog-e cacing,
lho'
'Nggih, bu guru'
'Bu, bu, niku Wiyono ngemut permen', jarene Handoko
'Lho, engko watuk, cung. Ayo dibuak'
'Nggih, bu guru'
'Bu, Parman niku nek bengi taksih ngedot'

'Iyo ta cung. Gak apik iku mono, cung. Nggarahi untumu gigis. nek kate turu
malah kudu sikatan disik, ya, cung, ya'

'Nggih, bu guru'
'Arek-arek, hayo, opo ae sing biasane diemut ?'
'Bohlam, bu guru'
'Lho ?'
'Enggih. wau dalu emak sanjang kalih bapak, patenono lampune, kene tak emut'
Saropah mendelik...

Gak suwe...
'Iku gak apik, ya cung, ya. Cobak nek sampek kesetrum'
'Opo maneh ?'
'Sarung bu guru'
'Lho ?'
'Enggih, wau dalu emak sanjang kalih bapak, pak coploken sarune, kene tak
emut-e'

'Arek-arek, gak oleh ngemut sarung, ya. Sepet'

Triman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar