Guyonan Jowo

Jumat, 03 Desember 2010

Melok...... !

Mat Pithi, pekerjaane pelaut. Nek wis kadung layar wulanan suwene. Kapan iku kaet pirang dina ndik omah, merga kapale mlebu dok, rodok isok suwe ngeloni bojone, Saropah. Tapi ya ngono, begitu kapale mari, ya kudu budal.

Masio wis nduwe anak sing jenenge Klowor, Mat Pithi jek pancet ae ngelaut.Lha barang wis meh petang wulan Mat Pithi lagek ono kesempatan ngampiri omah, kapale mepet nang Perak ngisi bahan bakar sekalian servis. Mat Pithi langsung ae cepet cepetan mulih, wis ngempet petang wulan hare.

Bareng tekan ngomah, sakjane wis arep nungkul Saropah sing yo podho kebelet sisan. Tapi ono si Klowor sing sinau. Lha wong omah kontrakan yo onone mek sak ruangan kanggo ruang tamu, ruang tengah, merangkap ruang tidur. Mat Pithi nunggoki Klowor sing sik sinau karo ngremes ngremes tangan bojone. Ketokane nontok Tipi, tapi pikirane gak nang Tipi blas. Bareng berita jam songo wis bar, ditontok kok Klowor isih mentelengi bukune, Mat Pithi langsung ngadek. Sak jane dhewe'e bangga nduwe anak sing sregep sinau, gak koyo cili'ane biyen sing gawene mbolos sekolah nyolongi tebu, tapi iki acara inti wis kudu dimulai.

"Wor, wis bengi, ndang turu kono" Jarene Mat Pithi. "Mengko dhisik Pak, aku durung mari sinau biologi bab alat reproduksi" Oalaaah, mangkane kok suwi, lha sing dipelajari kono'an ngono. Tibakno gak adoh karo bapakne. "Turuo sik, sesuk iso dipelajari maneh" Mat Pithi ngotot. "Sik talah Pak, Iki penting pelajarane, ....." Klowor ngotot sisan, lha wong anake Mat Pithi hare. Mat Pithi sing wis kaet sore mau ngempet manu'e sing wis kudu mencolot, gak srantan maneh, kupinge Klowor dijewer sampek abang. Klowor yo langsung jerat-jerit, terus ngalah akhire gelem turu.

Mat Pithi langsung nyengklak bojone (Sepedha bekne) Sesu'e pak Murtaji gurune Klowor heran nontok kuping murid kesayangane abang koyo urang dipanggang.
Dheweke takon "Wor, opo'o kupingmu iku ?" "Kuping kulo wingi dijewer Bapak wau dalu" jawab Klowor. Arek saiki lak ngono tah, karo gurune boso, karo bapakne dhewe ngoko.
"Lho salah opo awakmu kok dijewer karo Bapakmu ?""Kulo diken turu mboten purun"
"Terus awakmu gelem turu ?"
"Inggih "
Pak Murtaji kroso sakno ambek klowor, dhewe'e terus ngekei nasehat :
"Ngene ae Le, mengko bengi, nek dikon turu, awakmu langsung epok epok turu ae cekno nggak dijewer maneh"
"Nggeh pak guru"

Bengine Berita jam songo durung mari Mat Pithi wis kebelet kudu nyengklak,lha wong sedinoan mau dheweke turu tok kekeselen mulih soko kapal langsung dilanjut nggarap bojone. Iki babak kedua arep dimulai. "Wor, wis bengi, turuo kono" Jare Mat Pithi.
Klowor langsung budal nang kasure. Mat Pithi mateni Tipi, terus niliki anake, ditontok wis merem karo ngeloni gulinge. "Klowor wis turu Pa'e ?" Saropah takon.
"Wis, ndang patenono lampune" Lampu dipateni, lha ketepa'an lampu cilike pedhot, omahe langsung peteng ndedet.

Klowor kewedhen, tapi are'e eling nasehat gurune nek dikon epok-epok turu. Klowor ngrangkul gulinge luwih rapet ambek mekso turu. Lha Mat Pithi karo Saropah langsung gelut. Rodok suwe ngono, Mat Pithi karo ngos-ngosan ngomong nang bojone,
" Bu'e aku wis arep metu"
Bojone nyauti " Aku iyo Pakne, nek iso metu bareng ae "

Krungu ngono Klowor sing durung iso turu lan kewedhen karo petengan langsung nyauti

"Aku meluuuuu !!!"

Sesu'e Kupinge Klowor abang maneh.

5 komentar:

  1. hahaha....... metu bareng - bareng luwih enak....

    BalasHapus
    Balasan
    1. iyo cak, metu ndhik njero la`an...
      *ngakak gulung²*

      Hapus
  2. Cuuuuooookkkk klowor sak mat pithi e podo klowor e

    Mat pithi hare!!!
    Hahahahahhaah

    BalasHapus