Guyonan Jowo

Jumat, 03 Desember 2010

Mat Pithi pensiunan marinir

Tepak Mat Pithi dadi marinir mbiyen, tau dines nang Kalimantan Utara.
Operasi Dwikora, eling gak peno-peno kabeh?
Pas mlebu-mlebu alas, wong mungsuhe yo gak main-main, pasukan Gurkha, jare,
Mat Pithi kepeksa ngorban-no sikile sing ngidhek ranjau darat. Yo ambyar,
rek,
sikil sing sebelah tengen.

Untung kanca-kancane cepet nggawa Mat Pithi nang barak, dadi jik isok
ketulungan nyawane. Perkara sikile sing tengen, yok opo maneh, wong ancur
mulai ngisore pupu thithik sampek ngisor. Cobak rodok munggah thithik, isok
kantong menyan sing gondal gandul iku katut bablas.

Begitu tekan barak, langsung diupokoro mbarek dokter-dokter bedah sing ahli.
Sikile sing karek thithik jik isok ditulung, tapi disambung mbarek sikil
liya, sing wonge wis mati. Kanibal, ngono, lah...

Cumak, wong situasi darurat, yo oleh sikil sak kecandake. Dawane rodok kacek
kira-kira 2 cm. Wis gak opo-opo. Rodok pincang thithik lak malah tambah
gaya, tah, wong tentara mulih saka perang. Isok digawe crita. Jugak kelire
kulite sing rodok gak patek podo. Mat Pithi ireng, sikil gajulane rodok
putih.
Wis, yo gak opo-opo. Wong yo nek dines kan nggawe clono. Nek ndik omah, ya
sarungan.
Sing penting sikilan, gak nggawe kruk.

Mat Pithi onok meh sewulan ndik rumah sakit (wis diusung saka barak sing
ndik garis depan). Durung isok mudhun, ngenteni sambungan sikile waras.
Mat Pithi ya wis lumayan marem, gak perlu nggawe kruk engkuk-e.
Bareng wis waras, Mat Pithi wis mulai dines maneh. Mlakune tambah gagah,
masiyo rodok pincang thithik. Tapi jik tetep tegap. Marinir, rek....
Cumak, onok sing aneh mbarek Mat Pithi sak iki. Nek katene nguyuh mesti
tiba, nggluntung. Mak glundung....

Wis pirang-pirang dina iki Mat Pithi nek nguyuh mesti golek nggen sing
rodok sepi. Lha lak isin, se. Wong angger nguyuh mesti ngglundhung,
kok...
Gak kuat nandhang wirang koyok ngono, Mat Pithi njaluk ketemu mbarek
dokter
sing ngoperasi sikile mbiyen. Wong wis suwi, ya rodok kanglena ketemune.

Barng ketemu, Mat Pithi nyritakno nasibe sing dialami sak iki. Doktere
terus mbukak arsipe. Ndeleki data-data sing tau dinggo ngoperasi Mat Pithi
mbiyen.
Ketemu, wis ....

Tibak-e critane ngene. Sikil sing dinggo nggajuli sikile Mat Pithi sing
ancur mbiyen iku sikile arek wedok. Lha nek pas katene nguyuh, sikil
tengen sing
sikile arek wedok iku njaluk ndodok....*

3 komentar:

  1. Bwahahahahahahahahahhahaah
    juancuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuk...

    BalasHapus
  2. ra lucu mas.. suer deh...

    BalasHapus
  3. aku dikiro wong edan...ngguya ngguyu dewe moco tingkahe Mat Pithi...

    BalasHapus