Guyonan Jowo

Jumat, 03 Desember 2010

Janji, ojok ngguyu, yo...

Pulus nemui dokter spesialis kelamin.
Jarene "Dok, aku ono masalah,
tapi sampeyan mesti janji gak ngguyu yo."
"Tenang. Aku janji gak ngguyu.
Iku kan melanggar sumpah kedokteranku." Jawab doktere.

Pulus langsung mlorotno celonone.
Manuk'e ternyata cuilik, mik sa' pensil staedler 2B.
Kethok barang sa'mono, doktere gak kuat
nahan ngguyu. Dhe'e ngguyu nganti kepingkel-pingkel,
gulung koming nang ngisor.

Kira-kira limang menit, baru dhe'e iso ngendali'no
emosine. "Sorry cak. Aku kelepasan. Aku janji gak
bakal koyok ngono maneh. Nah, masalah sampeyan opo?"

Pulus omong ambe' nada sedih:
"Manukku wis telung dino iki abuh koyok ngene....."

8 komentar: