Guyonan Jowo

Minggu, 01 Januari 2012

Ndah niyo matenge ..

Saropah ditangkep pulisi, ditahan. Lha yok opo, mosok manuk-e bojone, Dul Kimpong, dikethok mbarek peso. Puthul, wis. Gak kelojotan tah bojone koyok ngono. Kedadeyane pas isuk-isuk, enak-e mancal sarung.

Dul Kimpong ya heran. Padahal, sorene, Saropah karo dek-e 'main' enak temen. Nganti tanduk-tanduk barang. Gak Saropah sing ngejak maneh, ya Dul Kimpong. Pokok bener-bener nikmat tenan (tenin?). Lha kok isuk-e duwe polah sing koyok ngono.

Gak urung, saropah yo ditarap mbarek pulisi.

'Ola nopo sampeyan ngethok manuk bojo sampeyan. Wis gak doyan, tah cemburu? Duwe wedokan maneh tah bojo sampeyan? Yok opo nek kate nguyuh?'

Akeh pitakonane pulisi mbarek Saropah. Saropah yo sedih, wong ngakune khilap.

'Rencana ndika niko nopo, ning?'

'Ajeng kula goreng', jarene Saropah kalem.

'Lho, damel nopo? Adane manuk doro ae, rek, digoreng. Karep ndika niku lho nopo?'

'Mboten ngoten pak pulisi. Sorene kula lak main kalih bapak-e arek-arek niku. Wah, maine hebat, kula sampak klenger ping sekawan'

'Lha, terus kok tambah dipotong?'

'Kula mbatin. Mentahe ae enake koyok ngono. Ndahniyo nek mateng'

Iyo nek pitik, yu…

Gigih

1 komentar: