Guyonan Jowo

Kamis, 12 Januari 2012

Isok ngrokok ?

Mat Pithi, mbarek bapak-e, Dul Gepuk, podo ndlodog-e. Gak bapak, gak anak, podo ae. Kompak. Kompak gendheng kabeh. Antarane wong loro iki, sing tuwek mbarek sing enom, gak onok bedane.
Suatu ketika Mat Pithi rabi. Dianakno pesta, mbukak terop, nyeluk tandhak. Wong yo arek-arek Suroboyo kabeh, nek gak jago omben-omben, main wedok-an, ojok ngaku Arek Suroboyo, wis. Pestane rame, sampek bengi.

Bareng tamu wis mulih kabeh, Mat Pithi mlebu kamar mbarek bojone, Sulami. Dasar arek loro iki ya podo ndableg-e, wis gak kathik takon-takonan barang, langsung ucul klambi, udo, main, wis….

Dasar Mat Pithi yo pengalamane wis sak abreg, kathik Sulami jarene yo bekas hostes, yo nek cumak main-mainan adu kuntul ngono iku yo wis gak aneh. Kate njaluk gaya opo sampeyan…

Mari main, yo wis gak karu-karuwan. Wong sing duel loro-lorone pendekar kabeh. Mat Pithi klambenan, metu, soale arek-arek jik akeh sing melek-an, main karambol mbarek nge-dring.

Bapak-e takon: ‘Yok opo bojomu, cung. Pinter tah nggak maine’
Mat Pithi: ‘Hebat, pak. Sampek pirang ronde iki mau gak bar-bar, njaluk tanduk terus’
Bapak: ‘Se, tak paranane. Kate ngucapno selamet’

Dul Gepuk mara nang kamare manten. Gak kathik totok-totok langsung lawange dibukak.
Ndik njero Sulami jik udo blejet. Mari kerja keras, kesel, kemringet, lungguh ndik pinggirane tempat tidur, mbarek rokok-an.

Ketok onok wong lanang sing duduk bojone mlebu kamar, kaget, tangane loro karo nutupi empik-e.
Dul Gepuk kaget, mbalik, nutup lawang. Marani Mat Pithi.
Jarene: ‘Hebat temen bojomu, cung. Mosok empik-e isok digawe ngrokok?’
Ha ?
Gigih

6 komentar: