Guyonan Jowo

Kamis, 01 April 2010

Saropah katene matek ...

Mat Pithi nunggoki Saropah sing wis megap megap kate dead, polahe keracunan.
Saropah mbrebes mili, raine pucet, awake lemes.

“Mat, aku kate ngomong” jare Saropah mbarek gak patek jelas.

“Ojok ngomong sik ta laah, awakmu durung kuat” .

“Gak Cak, aku kudu ngomong, cik nek aku mati gak nggowo dosa”…

“Wis ta laah, gak perlu, tenangno pikiranmu. Nyebut, Paaah” ..

“Gak Cak, iki penting. Waktu koen luar kota Minggu wingi, aku nyeleweng mbarek Mat Kodir. Aku njaluk sepuramu ya Caak” jare Saropah mbarek
napase ngos ngosan.

Mat Pithi ngelus rambute Saropah “Wis tah, gak usah mbok pikir. Aku wis weruh kok. Dapak gak ngono mosok koen tak racun dik….”

Yap

Tidak ada komentar:

Posting Komentar